Senin, 13 Oktober 2014

Latihan Soal Bahasa Jawa (1) #40 Soal#

,



 Haii!! Untuk yang kali ini aku mau bagi-bagi Latihan Soal Bahasa Jawa (1). Soal ini Berisi 40 butir, Yukk klik Read More…
 
Pilih Jawaban yang Paling Benar!

1.    LAYANG KAPANG
       Dening : Y. Ary Suharno

       Layang iki daktulis kanggo sliramu ibu
       Layang kapang anak lanang
    Kang kaplantrang bareng lan ati rengu
   Awit pupus pukles ing ati   
   Bareng lan pamenggakmu
   Methik kembang seger kembange desa rawangmangu

      Reriptan mau awujud
      a.Paribasan      b,Cerito cekak       c.Dongeng        d. Geguritan
2.   Kanggo sapa layang kapang kasebut ditujokake
      a. Anak lanang   b.Ibu                     c.Kapang           d.Kembang desa
3.  Sapa sing nulis layang kapang kasebut
     a.Anak lanang     b.Ibu                      c.Kapang           d.Kembang desa
4.Layang iki daktulis kanggo sliramu ibu
    Layang kapang anak lanang
    Kang kaplantaran bareng ati rengu
    Awit pupus pukles ing ati
    …………………………………...
    Apa tegese tembung kapang ?
a.       Trenyuh   b, Susah      c.Kangen      d. Bungah
5. Kang kaplantrang barang ati rengu
       Tembung ati rengu nduweni teges,
a.       Ati susah                           c. Bungah
b.      Gela                                   d. Marem
6. Manut pranatan jawa yen ngomong kudu nggawe unggah-ungguh supaya ngugemi tata   krama,kanthi tujuan……
        a. Supaya dialem dadi wong apik
        b.Nuduhake yen sugih lan pinter
c.Supaya diundakake pangkate
d.Kuwajiban ngajeni marang sing diajak ngomong
7. Bu Rina miyos saka kelas ngasta LKS satumpuk,Adi murid kelas pitu weruh kahanan kaya ngana mau,banjur deweke matur marang  Bu Rina
       Dene atur kang becik tumrape Adi mau?
a.       Bu, kok nggawa buku akeh ngana?
b.      Bu,didamel napa lo bukunipun?
c.       Bu,nuwun sewu manapa pareng kula betakaken?
d.      Bu Rina,kok sregep sanget to?
    8.Yuli diutus ibune ngaturake surat ana daleme Bu Sastra. Ana dalan ketemu bulike, banjur didangu , “Arep menyang ngendi yul?”
           Wangsulane Yuli kang bener :
a.       Dolan neng ngomahe Bu Sastra mbalekake surat
b.      Dhateng griyane Bu Sastra ngeteraken serat
c.       Teng daleme Bu Sastra ngulihne surat
d.      Sowan dalemipun Bu Sastra dipunutus ngaturaken serat
9.Bapak ngersakake maos Koran.Kamangka Rinda mau nyilih koran marang aku jalaran lagi ana tugas nggoleki artikel ing Koran.
      Ngendikane bapak,”ana ngendi Koran sing dino wingi Rin ?”
      Wangsulane Rina: “
a.       Nyapo lo pak kok nggoleki Koran dino wingi ?
b.      Taksih dipun ampil Rinda Pak
c.       Sik disilih kancaku Pak
d.      Wong sik disilih kok digoleki
10.Anjar weruh Pak Jono mandek ing pinggir dalan,sajake sepedha motore mogok.
     Patrape Ajar kang becik
A.    “Kae koyok pak Jono ? motore rusak,”Ajar bablas ora mandheg.
B.     Dibeto teng bengkel mawon lo pak !’’ Kandane Ajar karo liwat
C.     Wayahe nyervisake niku Pak’’ Ajar liwat karo ngguyu
D.    Kenging menopo titihanipun Pak ?’’ Ajar mandheg ngewangi ndandani
11.Arin dipeseni Bu Sinta supaya nimbali Ida.Banjur Ida menyang ruang guru,ngadep Bu Sinta
     Anggone matur Ida kang becik ?
a.       Enten nopo Bu ?
b.      Nuwun sewu Bu Sinta,menapa kalawau nimbali kula ?
c.       Wonten menopo Bu,kulo teksih repot nggarap tugas
d.      Bu Sinta nimbali kulo perlune napa ?


12.Bu Yati  : Wis yo mbak tanti,aku nyuwun pamit dhisik
      Tanti     : …………………………………………………………………..
a.       Sakajeng panjenengan
b.      Mangga-mangga Bu Yanti,ndrekaken,sugeng tindhak
c.       Inggih nek ngaten panjenengan wasul
d.      Sampean wangsul sakmenika ta ?



13.Endah    :Menawi  Bapak ……….sakmenika sampun kula cawisaken wonten meja dhahar.
      Bapak   :Ya En,matur suwun.
a.       Arep mangan
b.      Pingin nedho
c.       Ngersakake dhahar
d.      Badhe maem
14.Nalika ketemu Bu Eni gurune nalika ing SMP Sumbergempol 2 biyen, Rita ngaturake sungkem.
     Bu Eni   :Waduh mbak Rita tambah ayu.Mbesuk dak dongakne sukses.
     Rita       :………………………….
a.       Pangestunipun Bu Eni kemawon kulo suwun
b.      Nggih terserah kulo to Bu
c.       Nggih duka mangke kulo dereng saget mikir
d.      Kulo dereng mikir,teksih bingung bu

15.Tentandhuran ing kiwa tengene goa Pasir (sawang) saka kadohan katon ijo royo-royo
      Yen dirimbag ngangge seselan in cocog karo ukarane.Dene pangrimbage kaya kasebut ing ngisor iki
a.       nyawangi       b. disawang    c. kasawang  d. sinawang
16.Aku nyilih bukune Rita
     Ukura mau diowahi dadi ukuru tanggap kang ngangge ater-ater tri purusa (dak,kok,di)
a.       Bukune Rita koksilih                 c. Bukune Rita daksilih
b.      Bukune Rita  disilih                   d. Bukune Rita silihake
17.Rizal nggawa buku akeh banget.Kanca-kancane podo moro ngewangi (gawa)
     Pangrimbage tembung gawa supaya cocog karo ukarane :
     a.nggawakake     b. kokgawani     c. digawa      d. ngarep-arep
18.             Pucung

     Siswa iku kudu taberi sinau
Tansah anindakna
Sabarang pakarta becik
Aja sira ninggal pitutur wong tuwa
 
Tembang pucung ing ndhuwur dumadi saka pirang gatra
     a.2 gatra       b.3gatra       c.4gatra        d.5gatra
19.Guru wilangan lan guru lagune tembang pucung ing ndhuwur yaiku…………
      a.12a,7i,8a,12a          b.12u,8a,7i,12i    c.12u,6a,8i,12a    d.11u,6a.7i,11


    Parikan-parikan ing ngisor (nomer 20-22) iki rampungna!
 20. Tawon madu ngisep sekar
      Golek…….kudu sabar
a.       Guru                   c.    Kanca
b.      Bojo                   d.    Ilmu
  21. Manuk tuhu mencok pager
        Yen sinau dadi……
a.       Seger                  c.   Pager
b.      Pinter                 d.   Ajer
  22. Manuk emprit nucuk pari
        Dadi……sing taberi
a.       Emprit                c.   Murid
b.      Arit                    d.    Abrit
  23.Yen ana ing padesan pategalan katon ijo royo-royo,sawahe jembar bawera lan masyarakate   ya padha ayem tentrem.
   
      Tembung-tembung sing digaris ngisor klebu:
a.       tembung garba
b.      tembung entar
c.       tembung saroja
d.      tembung kosok balen
24.Bisaa dadi tepa tuladha adhi-adhimu.Duwea sopan santun lan tata trapsila.
     Tepa tuladha tegese :
a.       kanca
b.      penasehat
c.       meri
d.      conto
25.Aja nggadho atine wong tuwa.Yen dituturi  yo dirungokne sing sopan.Yen diutus ya enggal ditandhagi.Aja sakarepe dhewe.Supaya besuk bisa dadi wong bener  tumindake.
      Nggadho ati kalebu entar kang tegese
a.       gawe susah
b.      gawe bungah
c.       nyenegake
d.      dadi semangate
       26.Aja……………………………….yen weruh ana wong repot.Sabisa-bisane wenehana pitulung marang kerepotane liyan.
             Tembung entar kang cocog
a.       nggegem tangan
b.      udan tangis
c.       pingget atine
d.      pedhes tembunge
27.Di tuturi apik-apik kok ora manut. Malah ngetokake tembung pedhes.Pitutur apik kuwi yo dirungokne lan dilaksanakake.Tembung pedhes tegese:
      a. tembung sing gawe bungah ati
      b. setuju karo karepe
      c. tembung sing biso gawe gelo lan cuwo
      d. njaluk ngapura
28. 1.Agemane manten katon sarwendah
      2.Bu guru tansah jembar dhadhane ngadhepi para muride
      3.Putrane loro jalwestri
      4.Sikape mas Andi katon andhap asor
     Ukara sing nganggo tembung garba :
a.       Ukara 1-2
b.      Ukara 2-3
c.       Ukara 1-3
d.      Ukara 2-4
29. 1. tangis,suwek,turu
      2. maca,mangan,nulis
      3.  adus,laku,bathi
      4.  mikul,madhep,macul
      Tembung-tembung ing dhuwur ing klebu tembung lingga:
      a.1-2    b.1-3    c.2-3    d.3-4
30.Ing ngisor iki sing kalebu golongane tembung lingga:
      a.  segara,prekara,prayoga
      b.  lunga,turu,adus
      c.  sigar,suwek,tambah
      d. mlaku,mudhun,niba
31.Dhuwit sangumu sing ilang mau ora usah (tangis) dik. Iki sanguku digawe wong loro.Mbesuk maneh sing ati-ati.Pangrimbage tembung tangis supaya  cocog karu ukarane:
     a. Nangisi
     b.Ditangisi
     c. Tatangisi
     d. Kok tangisi


32.Anton kuwi lucu banget.Saben-saben ngguyokake nganti kancane podho cekakakan.Pangrimbage tembung ngguyokake :
     a. ng + guyu + ake
     b. ngguyu + ake
     c. ng +  guyu
     d. ngguyok + ake
33.Kangunane Ibu wis (paring) adhik kabeh. Mula ora pareng nyuwun jajan maneh.Pangrimbage tembung paring kang cocok karo ukarane :
     a. di + paring + ake     c. m + paring + i 
     b. di + paring + i          d. m + paring + ake    
34.Pandhapuke tembung ngangge seselan um diarani  tembung bawa ma. Tuladhane ing ukara kaya kasebut ingg ngisor iki ;
      a. Aja mlumpat ing kono mengko kajegur ing kali
      b.Rina sida budhal dina jum’at
      c.Kabeh iki gumantung ing awakmu
      d.Mendhung kaya ngene kok umbah-umbah
      a.     ]                              b. /                        c .       ¿                       d.   u
35.Ing ngisor iki wujude sandhangane panyigeg wanda,kejaba……..
    a.           ]                   b.       /                           c. =                      d. h
36.Asung bekti,bektine kawula marang gusti.
      Unen-unen ing ndhuwur kalebu tuladhane purwakhanti
      a.Guru swara     b. Guru sastra   c.Guru lagu   d Guru basa/lumaksita
37.Pak andi lagi nitipake sepeda motore.Polane ukara kasebut yaiku
      a. J-W-L-K                b.J-J-W-K         c.J-W-L       d.J-W-L-Kp
38.Bocah-bocah klas siji bakal nganakake kemah ing wulan juni.Lesane ukara ing ndhuwur yaiku…..
      a. Bocah-bocah klas siji                   c. nganakake
      b. kemah                                            d. Ing wulan juni
39.Sing klebu wujude sandhanagn payigeg wanda

40.Unen-unen ing ngisor iki sing kalebu tuladhane purwakanthi guru swara yaiku….
      a.Sluman,slumun,slamet                                  c. Bayem arda ardane ngrasuk basana
      b.Cilik mula uripku ketula-tula ketali             d. Guru iku kudu bisa digugu lan ditiru

0 komentar to “Latihan Soal Bahasa Jawa (1) #40 Soal#”

Posting Komentar